|
Sistem rangka iku sawijining sistem organ sing mènèhi dhukungan fisik marang makluk urip. Sistem rangka umumé dipérang dadi telung tipe: eksternal, internal, lan basis cuwèran (rangka hidrostatik), éwadéné sistem rangka hidrostatik bisa uga diklompokké sacara kapisah saka rong jenis liyané amarga ora anané struktur panunjang. Rangka manungsa diwangun saka balung tunggal utawa gabungan (kaya tengkorak) sing ditunjang déning struktur liya kaya ligamen, tendon, otot, lan organ liyané. Rata-rata manungsa diwasa duwé 206 balung, sanajan cacah iki bisa duwé sapérangan variasi ing antarané individu. Pirsanana uga
|
This article is from Wikipedia. All text is available under the terms of the GNU Free Documentation License.
Mercedes Car
This site monitored by SitePinger.net